Babad Kebumen


Babad Kebumen

            Demang Kutowinangun, Ki Honggayuda gadhah putra 7, kadosto Jaka Sangkrip dados putra angkat, piyambakipun gadhah penyakit kulit sesaliranipun. Mboten  wonten setunggalipun tiyang ingkang kersa nyelaki Jaka Sangkrip amargi membet bacin. Jaka Sangkrip dados putra terlantar dados piyambakipun kepengin mados margi supados pejah.
            Tindakipun Jaka Sangkrip ngantos dumugi Gunung Geyoong, daerah Panjer. Piyambakipun sampun mboten nedha kaliyan ngunjuk sedangunipun 21 dinten.
            Wonten ing mriku Jaka Sangkrip dipundumugeni sawijining mbah-mbah ingkang maringi sesupe. Sesupe punika dipunagem wonten ing driji telujuk asta tengen. Mbah-mbah punika pesen supados Jaka Sangkrip tapa wonten ing padharanipun maesa. Sesampunipun maringi pesen, mbah-mbah punika kesah.
            Jaka Sangkrip raos mamang manahipun anargi tapa wonten ing padharanipun maesa, sebab kedadosan punika mustahil. Piyambakipun medal saking wana, teras dhateng dhusun. Sesampunipun dumugi dalemipun Rejatani, piyambakipun mrisani kandhang maesa, lajeng kengetan dhateng pesenipun tiyang sepuh punika.
            Jaka Sangkrip menggalih, kados pundi sagedipun tapa wonten padharan maesa. Dumadaan mbah-mbah punika rawuh lajeng mbopong Jaka Sangkrip lajeng saliranipun dipunparingaken wonten ing geger maesa. Lajeng mbah-mbah punika mboten ketingal, Jaka Sangkrip ngraosaken piyambakipun sampun wonten saklebetipun padharan maesa. Jaka Sangkrip mboten ngraosaken ngelih kaliyan ngelak. Manahipun ngraosaken tentrem. Saliranipun mboten ngraosaken sakit senajan luka.
            Rejatani ingkang gadhah maesa punika pikantuk pitedhah supados ngresiki siti ingkang wonten ngandap wit lo ingkang wonten ing sisih kilen dalem. Sesampunipun dipunresiki siti punika dipunkedhuk. Rejatani kaliyan putra-putranipun kekalih ngresiki kaliyan ngedhuk siti ing panggenan ingkang dipuntedhahaken wonten ing sumpenan. Sanalika, ing panggenan punika medal toyanipun dados sendhang wiyaripun ngantos dumugi 3 meter persegi ingkang toyanipun bening.
            Ndalunipun, Rejatani nyumpena kaliyan pikantuk pitedhah supados mbeleh maesa ingkang wulunipun bule kangge wilujengan wonten dhusunipun. Mbah-mbah punika pesen supadhos sendhang punikasaben Jemuah utawi Selasa Kliwon dipunparingi sajen sekar boreh kaliyan ngobong menyan. Sendhang punika mboten pareng dipunginakaken kangge siran utawi ngumbah-umbah sanesipun. Setunggalipun piyantun ingkang pikantuk siram wonten mriku namung Jaka Sangkrip.
            Rejatani ikhlas nyembeleh maesanipun. Wekdal badhe mendhet jeroan, kapirang suanten manungsa wonten ing padharanipun maesa punika. Piyantun punika ngendikaken supadosngatos-atos anggenipun mbedah padharan maesa sebabipun wonten ing lebet padharan maesa wonten tiyangipun.
            Rejatani saged mbedah padharan maesa kaliyan nyiram saliranipun Jaka Sangkrip ngangge toya sendhang. Lajeng penyakit kulitipun jaka sangkrip sapunika mantun. Jaka Sangkrip sampun siam 45 dinten wonten ing padharanipun maesa. Lajeng piyambakipun maturnuwun dhateng Rejatani teras kondur. Sendhang punika dipunparingi asma Belik Kawarasan. Tindakipun Jaka Sangkrip ndadosaken nami-nami panggenan inggih punika Kebaturan, Kabebekan, Kawedusan, Kembaran, Pejagoan, Kewayuhan, kaliyan Puring.
            Nami Kebaturan asalipun saking batur dalem ingkang badhe dibangun. Nami Kabebekan amargi kathah bebek. Kawedusan amargi kathat mendhanipun. Kembaran amargi wonten lare kembar. Pejagoan amargi mirsani jago. Kewayuan amargi wonten lurah ingkang gadhah semah kalih kaliyan Puring amargi wonten pager wit puring wonten ing dhusun. Nami-nami punika nyitakaken tindakipun Jaka Sangkrip sesampunipun mantun saking gerah dumugi pinanggih kaliyan Kombangali-ali, utusan Kanjeng Ratu Kidul. Sakderengipun, Jaka Sangkip tapa 7 dinten 7 dalu wonten ing Karangbolong kaliyan kepanggih jin gua Menganti. Kiai Kreta maringi pecut sakti. Salajengipun, Jaka Sangkrip tapa ing wana Moros kaliyan kepanggih satunggaling kethek ingkang naminipun Kombangali-ali. Sawekdal punika asma Jaka Sangkrip dipungantos dados Surawijaya.
            Medalipun saking wana Moros, Surawijaya ngaso wonten ing lereng gunung Brecong lajeng dumugi dhusun Guneman, Sutawijaya tapa pendhem wonten ing seganten dumugi 15 dinten. Kaliyan dipunpirsani wonten satunggaling tiyang ing dhusun Guneman ingkang asmanipun Ki Nayapada. Tindakipun Surawijaya dumugi ing dhusun Wawar kaliyan kepanggih kakinipun ingkan asma Ki Demang Wargayana kaliyan ibunipun. Pinanggigan punika mbuktikaken menawi Surawijaya keturunanipun Pangeran Puger.
            Kawontenan dipunserbu dhateng Demang Kutowinangun dhumaten Demang Pekacangan Prawiragati punika usaha kangge nonjolaken Surawijaya ingkang rumiyin asmanipun Jaka Sangkrip ingkang dipunremehaken dhateng keluarga Hangayuda.
            Peperangan Demang Pekacangan ngawontenaken Demang Kutowinangun mlajar dhateng Gunung Kenap. Sesampunipun lampahan Demang Pekacangan kendel Surawijaya kondur dhateng dhusun Wawar. Surawijaya kengetan dhumateng pesen Ki Kreta kaliyan Kombangali-ali sehingga piyambakipun tindak dhateng barat laut lajeng minggah dhateng Gunung Bulupitu. Wonten ing ngandhap wit bulu kaliyan barang ing celakipun wonten beji, piyambakipun tapa brata supados piyambakipun saged ngenger dhumateng raja. Surawijaya dipundhatengi putri peri asmanipun Dewi Nawangsasi lajeng dados garwanipun. Dewi Nawangsasi maringi pusaka sakti asal saking Pajajaran inggih punika Naracabala.
            Ing antaranipun Gunung Slamet wonten kakang adhi inggih punika Damarmaya kaliyan Mayadarma ingkang sakti ing wilayah Banyumas dumugi kidul Tegal, Pekalongan, Brwbes kaliyan Pemalang. Sang Damarmaya dados raja dipuncelaki Mayadarma dados patih. Wonten tigo tiyang kepercayaan Sang Damarmaya ingkang dipunwedosi tiyang padhusunan inggih punika Nurngalam, Nurngalim kaliyan Nuripin. Damarmaya nyerbu Wirasaba, Purwakerta kaliyan Banyumas. Bupati Banyumas Tumenggung Yudanagara saged dipunkalahaken kaliyan mlajar dumugi kidul lejeng manggen ing Sumpyuh.
            Piyambakipun nyuwun dibantu Kartasura Susuhunan ngutus Honggawangsa kangge ngendelaken peperangan wonten ing Banyumas. Honggawangsa nyatakaken dhateng Yudanagara sebab piyambakipun wakil Susuhunan kangge ngendelaken peperangan punika. Honggawangsa ngedalaken aji pameling lajeng Yudanegara ambruk. Yudanegara nyuwun pangapunten.
            Peperangan antawisipun ndadosaken Damarmaya-Mayadarma kaliyan Hongawasita. Honggawasita yaiku gelar Surawijaya dibantu dhateng Kombangali-ali kaliyan Dewi Nawangsasi ngangge senjata Naracabala, piyambakipun saged ngalahaken musuhipun. Nawangsasi kaliyan Kombangali-ali kondur dhateng khayangan.
            Honggawasita pikantuk hadiah amargi saged ngendelaken peperangan Banyumas lajeng dipunangkat dados Bupati Nayaka kaliyan gelar Raden Tumenggung Arung Binang I (1742-1778). Sesampunipun sepah, piyambakipun nyuwun dhateng raja supados putra kakungipun saged nggantosi kedhudhukanipun. Putranipun dipunparingi gelar Raden Tumenggung Arung Binang II (1778-1808). Raden Tumenggung Arung Binang I kondur dhateng Kutowinangun kangge nyelaki garwa peri Dewi Nawangsasi wonten ing Bulupitu.
Keyword: Babad Kebumen, Kebumen, Babad, Cerita Rakyat Kebumen.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

CONTOH ESAI KEBERSIHAN SEKOLAH

Pengaruh Budaya Bacson-Hoabinh, Dongson dan Sa Hyunh terhadap Perkembangan Budaya Masyarakat Awal Indonesia

Descriptive Text about Hamster